Ing wewengkon arah ngulon saka Baturraden, atusan ewu kepungkur ana kadipaten jenenge Kutaliman, saiki jenenge desa ing wilayah kecamatan Kedungbanteng, adohe udakara 10 kilometer mangulon saka Baturaden. Kadipaten Kutaliman diprentah dening sang Adipati kang nduweni kasenengan ngingu gajah lan jaran. Mulane kadipaten dijenengi Kutaliman, asale saka tembung kutha tegese kota, liman tegese gajah. Sang adipati migunakakekewan gajah lan kewan jaran minangka titihan kanggo tindak ing wewengkon kadipaten Kutaliman rikala semana. Sang Adipati kagungan abdi kinasih kang pakaryane ngopeni jaran titihane sang Adipati jenenge Jaka Gamel, dijenengi Jaka Gamel iku sebab saben dinane ngopeni jaran. Jaka Gamel iku nom-noman kang bagus rupane dedeg piadege pideksa, lan sregep nindakake pakaryan mulane tansah dieman dening sang Adipati. Adipati Kutaliman uga kagungan putra-putri kang sulistya ing rupa arane Dewi Nawangsih. Dewi Nawangsih suwening suwe duwe sesambungan tresna karo Jaka Gamel wusanane sang putrid nganti anggarbeni utawa mbobot. Sang Adipati priksa sesambungan katresnane Dewi Nawangsih karo Jaka Gamel kang nganti ngandhut mau dadi lingsem. Sang Adipati banjur duka lan nundhung lunga saka Kadipaten Kutaliman. Dewi Nawangsih lan Jaka Gamel sawise katundhung sakloron mlaku tumuju arah mangetan yaiku ing sisih kidul ereng-ereng gunung Slamet, saparan-paran tindake sakloron nandhang sedhih, nlangsa lan nganti kesel salirane, mula Dewi Nawangsih nganti ora kuwat maneh rikala nyebrang kali, mulane kanggo pepenget kali iku diarani kali kasur. Maju dina kandhutane Dewi Nawangsih tambah gedhe mula banjur manggon utawa mapan ana ing sawijining desa. Ing desa iku Dewi Nawangsih nglairake jabang bayi mijil kakung, mula papan panggonan mau dijenengi kaliputra. Sawise nglairake Dewi Nawangsih saya tresna marang putra lan bojone nanging amarga Dewi Nawangsih minangka putra adipati sing kulina urip kepenak lan sarwa ana bareng urip saiki kalunta-lunta nandhang sangsara saanak bojone, banjur nduweni panggalih kang sanesthine ora ditindakake. Ing sawijining wengi nalika anak bojone turu kepati, Dewi Nawangsih pamitan karo ngekep putrane kanthi kebak rasa tresna sarta ngaras astane Jaka Gamel kanthi irih ngendika “Apuranen ya kakang aku ora sanggup urip sengsara kaya saiki, aku titip anakku marang panjenengan ya kang”. SAwise pamitan Dewi Nawangsih ninggalake garwa lan putrane. Papan panggonan kanggo uripe Jaka Gamel karo Dewi Nawangsih mau dijenengi Baturraden. Tembung Baturraden saka tembung Batur lan Raden, Batur tegese abdi, Raden tegse keturunan ningrat. Panulise kang bener Baturraden manut ing crita legenda.
Artinya
Di daerah sebelah barat Baturraden, ratusan ribu yang lalu ada sebuah kadipaten bernama Kutaliman, sekarang nama sebuah desa di kecamatan Kedungbanteng, sekitar 10 kilometer sebelah barat Baturaden. Kadipaten Kutaliman diperintah oleh seorang Adipati yang senang memiliki gajah dan kuda. Itulah sebabnya kadipaten itu diberi nama Kutaliman, berasal dari kata city yang berarti kota, liman yang berarti gajah. Adipati menggunakan gajah dan kuda sebagai tunggangan untuk melakukan perjalanan di wilayah kadipaten Kutaliman saat itu. Sang Adipati memiliki seorang hamba tercinta yang tugasnya merawat kuda sang Adipati bernama Jaka Gamel, bernama Jaka Gamel karena ia merawat kuda-kuda tersebut setiap hari. Jaka Gamel adalah seorang pemuda dengan postur tubuh yang baik, dan bersemangat untuk melakukan pekerjaannya, sehingga ia selalu dicintai oleh Duke. Adipati Kutaliman juga memiliki putra dan putri yang sulistya berupa Dewi Nawangsih. Dewi Nawangsih telah lama menjalin asmara dengan Jaka Gamel, akhirnya putrinya hamil atau hamil. Adipati memeriksa hubungan asmara Dewi Nawangsih dengan Jaka Gamel yang hamil hingga hamil. Adipati kemudian marah dan mengusirnya dari Kadipaten Kutaliman. Dewi Nawangsih dan Jaka Gamel setelah dipaksa berjalan menuju railing yang berada di sisi selatan lereng Gunung Slamet, sungai tersebut dinamakan sungai matras. Belakangan, kehamilan Dewi Nawangsih meningkat sehingga ia tinggal atau menetap di sebuah desa. Di desa itu, Dewi Nawangsih melahirkan seorang bayi laki-laki, sehingga tempat itu diberi nama Kaliputra. Setelah melahirkan Dewi Nawangsih, saya jatuh cinta pada putra saya dan istrinya, tetapi karena Dewi Nawangsih adalah putra seorang patih yang hidup bersama dengan nyaman dan makmur, sekarang dia menderita kerabat istrinya, dan kemudian dia memiliki hati yang tidak seharusnya dia lakukan. Suatu malam ketika putranya tertidur, Dewi Nawangsih berpamitan dengan menggendong putranya dengan penuh cinta dan mencium tangan Jaka Gamel dengan iri sambil berkata, "Maafkan aku, saudaraku, aku tidak bisa hidup sengsara seperti sekarang, aku serahkan anakku padamu. " Setelah berpamitan Dewi Nawangsih meninggalkan istri dan anaknya. Tempat tinggal Jaka Gamel dan Dewi Nawangsih bernama Baturraden. Kata Baturraden berasal dari kata Batur dan Raden, Batur berarti hamba, Raden berarti keturunan bangsawan. Penulis sejati Baturraden menganut cerita legenda.
[answer.2.content]